14 Gending Jawa Dolanan :
- E, Dhayohe Teka
- Paman Guyang Jaran
- Sar Sur Kulonan
- Wong ngombe upas
- Irisan Tela
- Lindri
- Gethuk
- Rujak Nanas
- Kembang Jambu
- Mbok Uwi
- Tul Jaenak
- Tokung
- Buta Galak
- Sluku Bathok
- Sepuran
1. E, Dhayohe Teka
E, dhayohe teka, e, gelarna kiasa
E, klasane bedhah, e, tambalen jadah
E, jadahe mambu, e, pakakna asu
E, asune mati, e, cemplungna kali
E, kaline banjir, e, kelekna pinggir
2. Paman Guyang Jaran
Paman guyang jaran, e e ana apa
Ngriku wau wonten popok beruk keli, e ora ana
Nggonku neng kene wus suwe
Tan ana suket kumledhang
Amung wong kang ngguyang sapi
Takonana ya dhuk
Manawa uninga
3. Sar Sur Kulonan
Sar Sur Kulonan, mak mak gemake rete te
Dak uyake rete te, dak uyake rete te
Yen kecandhak dadi gawe
Musuh mesthi mati, musuh mesthi mati
Dak bedhile mimis wesi
4. Wong ngombe upas
Mas sinangkling suwasa inten berlean
Kit-kit, kit methakil
Cagak awak jare sikil
5. Irisan Tela
Ris irisan tela la la la
Madu sari ri ri ri
Manuke podhang unine kuk angkukan
Unine kuk angkukan, unine kuk angkukan
6. Lindri
Lindri adang telung kathi
Lawuhe bothok ten
Njur dipenet-net
Njur diemplok-plok
Ya mak telep-lep
Pacak gulu janggreng
Adhuh yayi sendhal pancing
7. Gethuk
Sore-sore padhang bulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e do gegojekan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca-kanca ja turu sore-sore
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra mathuk atine rada gela
Ja ngono mas aja-aja ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gela
Gambang Suling
Gambang suling ngumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung
Ketipung suling sigrak kendhange
7. Rujak Nanas
Mbok uwi rujak nanas
Kampul kampul aneng gelas
Ya bapak ya ndara
Adhem panas rasane wong ngombe upas
Oas mas sinangkling suwasa in ten barleyan
Ku ku ku methakil
Cagak awak jare sikil
8. Kembang Jambu
Kembang jambu karuk
lintang rina jare esuk
jenang tela gethuk
omah jaga aran cakruk
pitik mabur kuwi manuk
9. Mbok Uwi
Mbok uwi rujak nanas
Kumpul-kumpul aneng gelas
Ya bapak ya ndara
Adhem panas rasane
10. Tul Jaenak
Tul jaenak jae jatul jaidi
Kontul jare banyak ndoge bajul kari siji
A bang-abang gendera Landa
Wetan sithik kuburan mayit
Klambi abang nggo tandha mata
Wedhak pupur nggo golek dhuwit
11. Tokung
Tokung-tokung wek wek wek
Angon bebek pinggir dalan gung
Sing ngadhangi Mbok Kaki Mandraguna
Dak are-are bebek asetokung-tokung
12. Buta Galak
Buta buta galak, solahe lunjak-lunjak
Ngadeg jingklak-jingklak, nungkak kanca nuli nandhak
Ngadeg bali maneh, rupane ting celoneh
Iku buron aneh dak sengguh buron kang remeh
La wong kowe we we sing marah-marahi
La wong kowe we we sing marah-marahi
Hi hi aku wedi, ayo kanca ngajak bali
Kae lo kae lo mripati plerak-plerok rok rok
Kae lo kae lo kulite ambengkerok rok rok
Ya kulite ambengkerok
13. Sluku Bathok
Sluku sluku bathok, bathoke ela elo
Si rama menyang kutha, leh olehe payung mutha
Mak jenthit lololobah, wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit
14. Sepuran
Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri
Wong niki sepur dhur bayare setali
Sapa trima nggonceng konangan kondhektur
Yen didhendha kenceng napa boten kojur
Sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk
Sinten pengin makmur aja seneng umuk.
Gending Jawa Dolanan :
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ê¦ ꦺꦴꦫꦺꦴ